Saturday, April 28, 2018
Dawuh Mbah Maimoen Zubair tentang Islam Nusantara
Endi ono Islam kok mlebu nang negoro isih jaman shohabat, mesthi gedhe islame. Contohe Indonesia.
Naliko shohabat geger zaman Kholifah Sayyidin 'Ali, balane Sayyidina 'Ali pecah dadi papat:
1. Sing nentang Ali, dadi khowarij.
2. Isih Pro Sayyidina Ali, kadang-kadang malah nyimpang, contone Syiah.
3. Netral.
4. Ono sing Diarani Ashabul Safinah sing ninggalno Negoro Arab lewat teluk Persia ngrangsek tekan Medan.
Nang Medan ono kubur-kubur sing menurut syekh Yasin iku kuburan Ashabul Safinah.
Yen ndelok Iki, Indonesia ketekan Islam isih zaman shohabat, lan aneh sebab sejone nang Indonesia ora kerono nyebarke agomo, ananging kerono ngungsi.
Kadang berkembang'e Islam kerono ono wong sing ora Islam tapi seneng Islam.
Jowo iku rame Islam kerono ono bangsa sing gak Islam tapi seneng Islam, yaiku wong Mongol. Yaiku kawitane bongso kang metu songko tirai besi.
Wong Mongol melebu Nang jowo sak wuse Singosari ngruntuhake kerajaan Dhoho Kediri, sing dirajane putri Sekartaji.
Nang kerajaan dhoho itu ono guwo loro kanggo pertapaan, salah sijine guwo selomangkleng. Sekartaji dijatuhno kerono ora gawe taman arco, semacam Borobudur lan Prambanan. Padahal nang Singosari malang ono jenenge candi Singosari.
Waktu iku wong Mongol seneng Islam Syi'ah. Mongol menang Nang Chino yaiku: Kublaikan. Nang Arab Ono: Holakukan. Lan Nang Mongol Dewe Ono turunane jangkeskan.
Wong Mongol krungu yen nang jowo ono kerajaan sing pengen nggedekke Hindu maneh, yaiku Singosari. Hingga jupuk wong-wong Belitung digowo ngetan kanggo ngalahke Singosari, wong mahu rupo Chino kulup lan Chino Belitung. Anangeng nalikane tekan jowo, Singosari wis runtuh, lan wis ngadek onone kerajaan brawijowo mojopahit.
Kerono iku islam jowo iku ono sing murni Sunnah waljamaah lan Ono kang rupo Syiah.
Belitung lan Bangka iku Wis ono sejak mojopahit. Kerono senenge Islam, mojopahit nguwehi modin nang Tuban, yaiku Bejagung.
Nalikane sunan Bejagung ditekani karo pejabat mojopahit sing aran barat ketigo, barat ketigo kepengen ngombe degan sehingga ngetokno kesaktian arupo angin kang ngrubuhno wit-wit kelopo. Hinggo tinggal jupuk kelopo.
Ananging sunan Bejagung matur: kesaktian ingkang sahe niku ingkang boten ngrusak, ananging ingkang dasoske ketenteraman rakyat. Sunan Bejagung akhire ngetokno kesaktian hingga wit klopo iku mangklung, hinggo cukup methik klopo sing dikarepno.
Sholat iku duwe pilar papat, ngadek, merkungkung, sujud lan lungguh. Sing rupo pengucapan Yo papat, tekbir, fatehah, tahiyyat lan salam.
Nang tahiyyat ugo ngandung perkoro papat: tahiyyat, salam Nang njeng Nabi lan awak Dewe ugo wong kang Sholeh, syahadat lan sholawat.
Sedikit cuplikan mauidloh di Maqbaroh Samin.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
Khutbah Jum'at: Bulan Muharram Sarana untuk Mengevaluasi Tradisi Kita
Bulan Muharram Sarana untuk Mengevaluasi Tradisi Kita Khutbah 1 اَلْحَمْدُ للهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ، اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ، مُكَوِّرِ ...
-
Suku Chaniago adalah suku asal yang dibawa oleh Datuk Perpatih Nan Sebatang yang merupakan salah satu suku induk di Minangkabau selain su...
-
Kata fitnah berakar dari kata fatana. Ketika seseorang berkata fatantu al-fidhdhah wa al-dzahab, artinya adalah bahwa ia membakar perak...
-
Soeharto Lahir di Kemusuk, Argomulyo, Yogyakarta, 8 Juni 1921. Ia lahir dari keluarga petani yang menganut Kejawen. Keyakinan keluarga...
-
Penggagas awal tradisi pembuatan bubur Asyura adalah Nabi Nuh–‘alaihis salam-. Dikisahkan, ketika Nabi Nuh–‘alaihis salam–turun dari kapa...
-
Beliau (Sofyan Tsauri) sampai berani bersumpah atas nama ALLAH bahkan berani Bermubahalah jika ada yang menuduh dia berdusta atas apa yan...
-
Kekafiran Penyihir Para ulama berbeda pendapat tentang seorang muslim yang menggunakan sihir, apakah dia kafir keluar dari agama Islam,...
-
Seorang tokoh dan cendekiawan terkemuka Indonesia mengapresiasi upaya dan peran Republik Islam Iran untuk mempersatukan umat Islam tanpa ...
-
Bukan untuk dibeda-bedakan dan bukan pula minta untuk diistimewakan. NU memang istimewa dan berbeda dengan ormas Islam lainnya. Walau sam...
-
A. Secara Etimologis (Bahasa) 1. Menurut Al-Lihyani (w. 215 H) Kata Al-Qur'an berasal dari bentuk masdar dari kata kerja (fi...
-
Dalam dunia wali atau sufistik, tidak ada yang tidak mungkin. Semuanya dapat menjadi mungkin atas izin Allah. Gambar yang kami pasang di ...

No comments:
Post a Comment